Selasa, 14 Oktober 2008

PRASAJA



Mangan nganti ngluwihi ukuran/taker, luwih-luwih tumrap wong tuwa, adhakan bisa njalari weteng dadi lara. Menganggo-anggo yen nganti rangkep sejinah umpamane, diarani wong dhegleng.


Kosokbaline kang cegah dhahar, ora kok ateges njur gak mangan kang bisa njalari rusaking raga. Nanging wose nyegah pekareman kang sarwa nikmat lan enak. Lha iki mengku karep, nglelatih ngendalekake nafsuning wadhuk lan lesan kang adhakan adhakan koncatan pangan pekaremane sethithik bae cepak muringe, butek atine, gempal imane.


Mula, kang samadya lan prasaja bae, nanging mumpangati. Lerege bisa melu ngrasakake kasusahaning liyan, lan ngerti sapira perlune azas tulung-tinulung ing satengahe bebrayan.

Senin, 13 Oktober 2008

SUSAH DAN SENANG


Bungah susah iku lunga ing sajroning uripe manungsa ing alam donya.kalorone fana, ora langgeng. “sangat” bungah, dhetik-dhetik susah, lunga teka, iku kang terus ana. mula, apa perlune dadak dikeluh kesahi, diresahi?


Bungah apadene susah iku ora langgeng. Mula apa gunane? Kaya kang didhawuhake Shri Krisna – Wees niet overmalig blij, wanneer je wint, en niet gedeprimeert wanneer je verliest. Jarwan bebase: apa gunane surak-surak gembira ing sajroning suka, lan nangis gero-gero ing sajroning duka cipta. Bungah susah (suka duka) seyogyane ditampa/dipikul klawan pamikir kang seimbang.




Minggu, 12 Oktober 2008

MENGENDALIKAN JAMAN















Ana unen-unen kang ngandhakake, sapa kang ora mergawe (makarti), ora mung ateges mandheg, ning kepara malah mundur pirang-pirang langkah. Ning, makarti among ombyaking jaman, iki ya ora gampang. Nyatane ora sethithik wong kang jare arep ngoyak jaman, lan emoh diarani wong kang ora njamani, jebule tanpa karasa malah dienggo dolanan, malah keladuking uni, dienggo bal-balan jaman.


Mula kudu tansah waspada ngati-ati, sarta eling yen nedya makarti nuting jaman. Kudu tansah diudi sarta dibudidayakake, supaya manungsa bisa panggah mapan dadi “srati” ing kabeh mobah-mobiking jaman, aja nganti jaman kang dadi srati, dene manung sa kang mung mapan pindha…..jaran.

Mangka mesthine kudu kosokbaline, ngelingi padha-padha titahing Allah SWT, paling unggul, paling kinurmat tinimbang liyane.


POWER OF THINKING

MULA kudu dingerteni, lan dipercaya, manungsa iku ndarbeni daya kekuwatan kang tan kena kinira, lan kang manggon ing sajroning ciptane. Sakehing prekara yen digatekake klawan temen-temen, wekasan bisa mujud, bener maknane tembung: manungsa kang wis katrima, apa kang cinipta…..dadi.


Kerep kang ana kawetu ucape ngasorake dhiri klawan tetembungan: “Aku iki rasane meh padha cacing ana endhutan kang bisane mung kruget-kruget!” suwening wuse wong kang dhemen ngredatin kaya ngono mau, pikirane dadi lembek kaya….cacing.


Mula, aja dhemen nyipta ala tumrap badane dhewe, malah kudu bisa ngilangi rasa sumelang lan kuwatir, jalaran bisa mujudake pepalang tumrap kemajuwaning panguripan.



PANGERTINE "LAKU"

Pangertine “laku” kaya kang katulis ing serat Wedhatama (Sekar Pucung): Ngelmu iku kelakone kanthi laku, lekase lawan kas. Tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara.


Ki Ageng Ngeksintoro (RMPH Djajengkoesoemo) olehe nafsirake “Dadine ngelmu iku kudu dilakoni, sawise dilakoni kudu santosa atine, mantep tetep ambanda hawa nafsu.


Mungguh traping laku mau, bisa disurasa klawan dhasar pangerti, siji kang arahe nyang dhiri pribadhi,dene kang kaloro arahe tumuju manjaba, yaiku kepentinganing urip bebrayatan.


Murih luwih gampang panyurasane, ana kang ngandakake: arah tujuane kanggo urip pribadi arane MAT utawa Marem Ayem Tentrem.

Dene laku kang arahe manjaba kanggo urip bebrayatan sinebut TTKR, yaiku: Tata Tentrem Kerta Raharja.


Jumat, 10 Oktober 2008

DAYA TETELU



rasa, pikir, lan karep, tetelune tansah diya-diniya rebut pangwasa murba sapari polahe manungsa. pangrasa suthik kalah karo pikir. si pikir tansah udreg-udregan karo si karep, mangkono sapiturute. dene kang moncol dhewe lan angel dipekak, yaiku : karep, gampang mbedhal kaya jaran. yen wis mengkono playune kerep nunjang palang tan wruh ing bebener.

mula wajibing manungsa ing sabareng reh kudu tansah bisa mapan ing jumbuhing rasa, pikir, lan karep. awit yen tingkahe manungsa mung kadereng kridhaning salah siji saka daya tetelu mau, istingarah mung bakal nekakake bilahi. ora mung bilahi tumpraping awake dhewe, ning uga nuwuhake dredah ing madya ning pasrawungan.

Label:

Senin, 29 September 2008


urip ojo digawe angel
lek lagi seneng yo ojo kenemenen sampek lali sembarange
suwalike lek lagi susah ojo sampek kenemenen sampek gak pengen urip maneh
digawe urip prasojo wae
lek seneng biasa wae, uga lek susah ojo kenemenen